Selasa, 07 Oktober 2014

Rentenir

Dipentaskan Teater Lingkar

RENTENIR

Karya : GIWING PURBA
PARA PEMAIN :

MARKATUN
YU MI’UN
YU PARTI
PARKIYEM
YU TINAH
MBAK TURAH
LISA

BU SUMI’AN


SUASANA PANGGUNG WAYAH ESOK PINGGIRAN PASAR, KAYAK BIASANE WONG-WONG LAGI NYIAPKE DAGANGANE. YU MI’UN LAGI NGETONG DUWETE SING NEMBE WAE ENTOK SAKO DEWEKNE MANDANG GAWE DADI TUKANG GENDONG PASAR. MARKATUN MLEBU KARO NAWARKE PIJET.

001. Markatun : (tawa pijet) Jeet… pijeet… jeett… pijeett… Rama-rama… Sibu-sibu… Paklek, bulek, Kangmas-kangmas… Mbakyu-mbakyu… Sinten sing bade ngresake pijet… manggo-manggo mumpung bahu kula taseh lodang… Encok, pegel linu, rematik, urat kesleo, paru-paru, jantung, ginjel, limpo, keputihan, men sing ora lancar, apa si Gatotkacane sing ora gelem tangi, ditanggung cepet mari, waras-wiris ner sambikolo, tur murah mbayare. Jeett… Pijeett… Jet… Pijett… (suarane tambah dibanter-banterke) Jeett… Pijeett… Pijeett…

002. Yu Mi’un : (nggetak) Heh…ana wong lagi itung-itung malah bengak-bengok, gembar-gembor, brebeki kuping, ngerti porak !

003. Markatun : (ngungun sedelo terus njegeges) He… he… he… Yu Mi’un to. Sugeng enjang, yu… Selamat pagi… Good morning Yu… he… he… he… Untu kuning ora ngenake ati, klambiku kuning nyenengke ati. Tumben esok-esok sampeyan pun mangkal teng mriki ?

004. Yu Mi’un : Lha wes adate to, nek mben esok aku bukak dasaran ana kene. (ngejak lungguh ning warunge Tinah) Kene-kene lungguh kene ndisik, wes sarapan po durung awakmu ? Piye, pijetmu wes payu apa durung ?

005. Markatun : Lumayan, yu. Esok iki aku wes entok wong telu. Sing loro langganan lan sijine anake juragan beras Babah Ong, kecetit ! Lha sampeyan pripun ?

006. Yu Mi’un : Seminggu iki rame, Tun. Malah ana sing blanja nganti telungewu potong pakaian lho. Jarene arep digowo neng Magelang kanggo mbantu wong kana sing lagi kena musibah Lahar dingin, Gunung Merapi !.

007. Markatun : Wah… wah…apik temen atine, gelem mbantu wong sing lagi nandang kesrakat kena musibah. Mesti wonge sugih blegedu yo, yu ? Duwite mesti sak tas koper Ya, Yu ?

008. Yu Mi’un : Ho,oh ! Dermawan banget ketok-e !

009. Markatun : (nyolu / glembug) Yu… Yu Mi’un kesel to ? Tak pijeti yo, Yu ?


Versi semi bahasa Indonesia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar