Dipentaskan Teater Lingkar
SEKOLAH UNGGULAN
PENTAS
DI BUKA LEWAT TEMBANG.
Nyanyian :
Oh ibu lan rama esok kang mulya
Putra lan putrimu budhal sekolah
Budhal nak budhala sekolah kang tuhu
Sregepa sinau ngudia ilmu
Ngugemi guru tresnani kancamu
Junjungen asmane rama lan ibu
DI SEBUAH AULA / KELAS YANG BIASANYA
DIPAKAI UNTUK PERTEMUAN. TUAN GURU DIDAMPINGI PROTOKOL BERTEMU DENGAN WALI
MURID.
Protokol : Sarujuk kawula sederek – sederek, sarujuk !
Nembe kemawon putra lan putri panjenengan sedaya tetembangan tembang adiluhung.
Njunjung asmane wong tuwo (tertawa) Dadi bocah lelanangin jagat
yen lair lanang, dadi sekaring kedaton yen lair wadon ! Njih karena sebab
menika putra lan putri panjenengan dipun kirim dateng sekolah menika. Rak
mekaten to Tuan Guru…
Tuan Guru : Kasinggihan Dimas Pranatacara.
Protokol : Naa… para rawuh, kakung sumawana putri, Tuan
Guru menika ingkang samangke badhe medar sabda, ngengingi babagan kelas gaya baru menika. Menapa
to sejatine sekolah gaya
baru menika ? Gaya
baru jelas dipun pundut saking kosa kata bahasa Indonesia . Jawinipun gagrag enggal.
Namung menawi kosa kata menika ingkang dipun agem, lha kok kirang kemedol ! Rak
ngaten to sederek – sederek ! Nuwun sewu lho…
PENGUNJUNG TEPUK TANGAN…
Protokol : Naa… samangke para rawuh seget sambung rasa
kalian Tuan Guru, bab tata caranipun, para rawuh rak sampun asring mersani
televisi too…?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar